꧋ꦥꦲꦸꦒꦼꦂꦫꦤ꧀ꦠꦠꦠꦸꦭꦶꦱ꧀꧈
ꦱꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀ꦧꦧꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦠꦥꦲꦸꦒꦼꦂꦫꦤ꧀ꦥꦚꦼꦫꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦱꦗꦮꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦧꦱꦗꦮꦲꦏ꧀ꦱꦫꦭꦠꦶꦤ꧀꧈

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦂꦢꦶꦏꦮꦶ
ꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦱ꧇꧑꧙꧒꧖꧇
Serat Mardi Kawi sinerat déning W.J.S Poerwadarminta ing warsa 1860, serat punika kapérang dados tigang pérangan buku :
- Pérangan angka 1, ngewrat bab Wyakarana Kawi utawi paramasastra Kawi.
- Pérangan angka 2, ngewrat bab Waosan Kawi.
- Pérangan angka 3, ngewrat bab Kawi Jarwa bausastra Kawi - Jawa.

Tjarakan Djawa
Padmasoesastra 1917
Paugeran tata panyeratan aksara Jawa anggitanipun Ki Padmosoestra, paugeran punika kaserat lan kacithak ing warsa 1917, isinipun jangkep ngèngingi tata paugeran panyeratan basa Jawa aksara Jawa.
Ing serat Tjarakan Djawa punika sapérangan taksih nglestantunaken aksara - aksara, punapadéné sandhangan ingkang limrah ing tata panyeratan kawi.
Paugeran ing serat Tjarakan Djawa punika ing samangkénipun lajeng kathah ingkang kasampurnakaken ing parepatan Kasoesastran ing Sriwedari warsa 1926.

Wawaton Sriwedari
Wiwit saking warsa 1926 dumugi 1996
Wewaton Sriwedari punika salah satunggaling paugeran panyeratan aksara Jawa ingkang kalebet énggal lan minangka saking "Poetoesan Parepatan Koemisi Kasoesastran" (Literature Committee Meeting Decision) ing Sriwedari, Surakarta in 1926.

Pedoman Penulisan Aksara Jawa KBJ
Wiwit 1996 ngantos dumugi sapunika
Pedoman Penulisan Aksara Jawa KBJ minangka asiling Konggres Bahasa Jawa (KBJ) minangka paugeran aksara Jawa"Konggres Bahasa Jawa II ing Malang, Jawa Timur ing warsa 1996.

Tata Tulis KAJ I YOGYAKARTA
Hasil Kesepakatan Kongres Aksara Jawa I Yogyakarta 2021
Pedoman Penulisan Aksara Jawa KAJ I minangka asiling Kongres Aksara Jawa I (KAJ I) Yogyakarta ing warsa 2021 minangka paugeran aksara Jawa ingkang sampun kajumbuhaken kaliyan "isu" digital aksara Jawa

Tjarakan Alphabet
Paugeran Jawa aksara Latin warsa 1936
Pedoman penulisan bahasa Jawa aksara Latin anggitanipun Raden S. Nimpoena, adhadhasar paugeran tata panyeratan Latin Van Ophuijsen.

Pedoman Penulisan Latin - Jawa
Wiwit 2006 ngantos dumugi sapunika
Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa Huruf Latin yang Disempurnakan wedalan Balai Bahasa Yogyakarta in 2006.
Basa Djawa Pegon
Tata paugeran tata panyeratan bahasa Jawa mawa aksara arab gundhul (pegon)